Pages

Thursday, September 17, 2009

Pantun Royo Idul Fitri



Nyimpen jenang nang jero tin,
Ngesok arek digowo mareng suro,
Keluputan kulo lahir batin,
Salah silap njalok dingapuro,


Bocah cilik mangan sego,
Sego dipangan karo gulo,
Wes suwi orak ngomong Jowo,
Dino royo njalok ngapuro


Wingi Syaaban saiki Ramadhan,
Wingi mangan iki dino poso,
Lungo teraweh gowo panganan,
intok poholo nutupi doso.


Lungo teraweh nunggang kereto,
Goreng tempe gawe buko,
Ibadat jakat nokokne poholo,
Matine penak melebu syurgo.


Ngodok kupat nang ngisor ondo
Godong'e nipah digawe atep
Salah silapku njalok ngapuro
Ketemu meneng taun ngarep


Royo-royo ngadol cengkeh
Cengkeh disimpen nang njero tin
Keluputan kulo seng akeh-akeh
Njalok dingapuro lahir batin....


Godok ketupat nang ngisor ondo
Godonge palas digawe atep
Salah silapku njalok ngapuro
Ketemu meneng nang taun ngarep


Faham ke tidak ? Ahak...ahak...kalau tak faham tak mengapa. Apapun ,
SELAMAT MENYAMBUT AIDIL FITRI 1430 H
MAAF ZAHIR DAN BATIN


'Keluputan kulo lahir dan batin njaluk dingapuro'.